KONANG kang metu sawuse srengenge
angslup, duwe pangira yen mung dheweke
kang bisa madhangi jagad, nanging sawise
lintang-lintang abyor sumunar, rasa
kumingsune konang banjur ilang. Saiki si
lintang kang duwe panganggep dheweke
kang madhangi jagad. Ora antara suwe
rembulan ngatonake cahyane , lintang-
lintang dadi surem, isin ngungalake awake
maneh. Wusana rembulan kang rumangsa
kuwasa madhangi jagad, nanging suwening-
suwe srengenge mlethek, lan rembulan
katon pucet, embuh nyang ngendi ilange
cahya kang gilang-gemilang mau.
Mangkono uga manungsa, menawa
duwe wewatakan kumingsun marga
kasugihane, lagi bisa mangerti, marang
pralambange kodrat (takdir) ing ndhuwur,
mula sabanjure ora bakal wani ngambali
ngangungake awake, sebab bandha donya
iku ora langgeng.
PITUTUR kang takaturake iki, kenoa
kanggo 'sangu leladi' jroning nglakoni urip
ing satengahe bebrayan (masyarakat).
Leladi ing prakara iki, tegese : nyuguhake
utawa ngatonake patrap kang becik marang
sadhengah-wong. Kanthi patrap kang
andhap-asor, ora ngagungake awake
dhewe sing hebat. Ora mung ing bab
kasugihan lan drajat-pangkat, nanging uga
ing bab kapinteran. Aja umuk rumangsa
sugih dhewe, kanggonan drajat-pangkat
utawa pinter dhewe. Sapinter-pintere
wong isih ana sing ngungkuli kapinterane.
Di atas langit masih ada langit.
Apamaneh sakabehing apa kang
kumelip ing ngalam ndonya iki ora
langgeng. Wong akhire bakal pisah karo
sakabehing apa sing ditresnani. Bandha
kenane lunga ; drajat-pangkat kenane
minggat. Kok kumingsun rumangsa sugih
dhewe ; rumangsa pinter dhewe. Selagine
'nyawane' wae, ora nyawa duwek-duweke
dhewe. Ora urip, saka urip-uripe dhewe.
Urip ana sing nguripake,ana sing paring
daya urip kanggo nglakoni darmaning urip
kumpul karo sapepadhane urip. Hablum
minanas, hablum minallah (becik marang
sapepadhane urip lan
Minggu, 08 Juli 2012
Sangu leladi
Published :
14.26
Author :
wong ndeso
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Popular Posts
-
Ngelmu Sejati, Sejati ne Ilmu Ilmu sejati menerangkan bahwa manusia benar-benar abadi tidak bisa mati, kebal segala macam bahaya apapun da...
-
Triwikrama adalah tiga langkah “Dewa Wisnu” atau Atma Sejati (energi kehidupan) dalam melakukan proses penitisan. Awal mula kehidupan dim...
-
Status tentang Nafas ﺃﺷﻬﺪ ﺃﻥ ﻻ ﺍﻟﻪ ﺍﻻ ﺍﻟﻠﻪ ﻭ ﺃﺷﻬﺪ ﺃﻥ ﻣﺤﻤﺪﺍ ﺭﺳﻮﻝ ﺍﻟﻠﻪ NAFAS I Adapun Nafas yang keluar dan masuk itu dinamakan Muhammad....
-
Tarek dan Daim Syekh Siti Jenar mengajarkan dua macam bentuk shalat, yang disebut shalat tarek dan shalat daim. Shalat tarek adalah shalat...
-
~ Tentang Penciptaan ~ Ilmu Hakekat Insan Hadist di riwayatkan oleh Imam Ali Bin Abi Thalib : “QABLA’AN YAHLUKAS SAMAWATI WAL ARDHI, WAL A...
0 komentar:
Posting Komentar