Sabtu, 07 Juli 2012

Sejati ing jiwo

GOLEKANA tapake kuntul anglayang! Ngendi ana ? Lan sapa wonge sing bisa
nggoleki ? Mbok mubenga nganti muser-muser, kuntule dhewe, yen lagi nglayang
ing awang-awang, ya ora bakal bisa nggoleki tapake. Apa maneh manungsa.
Diperese nganti asat keringete, diputera nganti mumet akale, langka manungsa
bisa meruhi tapaking kuntul anglayang mau.
Pancen tetembungan mau ora bakal tinemu ing nalar. Tetembungan mau klebu
kawruhing kasampurnan, sing isbate mung bisa dionceki srana tirakat lan laku.
Mula yen arep nggayuh kawruh tapaking kuntul anglayang mau, manungsa kudu
nyuwungake kekarepan lan nalare. Lire, aja dheweke gondhelan ing sakabehing
gegondhelan sing saiki digondheli. Padha sawangen kuntul sing mabur dhuwur
ing awang-awang! Kuntul mau ora tau nyawang tilas tapake. Merga pancen ing
awang-awang mau tapake ya ora ana. Kuntul mau bisane mung miber. Lan
bisane miber, merga awake kesangga, sanadyan ora ana sing nyangga. Kesangga
ning rasane ora ana sing nyangga, ya kuwi karep sing winengku dening isbating
”golekana tapaking kuntul anglayang”. Lan sepisan maneh, ngrasaake kesangga
sanadyan ora ana sing nyangga bisa kelakon, yen manungsa bisa nyuwungake
dhiri saka sakabehing gondhelaning uripe. Aja maneh mung raja brana, drajat lan
pangkat, cekelan lan gamaning urip wae kudu diculake, yen manungsa pancen
arep ngalami dhirine iki sejatine kesangga sanadyan ora ana sing nyangga.
Kawruh kasampurnan iki bisa diulur luwih dawa. Kaya dene aku bisa ngrasakake
kesangga sanadyan ora ana sing nyangga merga aku suwung saka sakabehing
kekarepanku, aku uga bisa ngraksakake menawa aku iku duweni sakabehing yen
aku iki ora duwe apa-apa. Utawa meruhi sakabehe, merga aku ora weruh apa-
apa. Apa dene, aku iki ngrasake menawa aku ini temen ana, merga aku rila
menawa aku ora ana.
Yen kawruh mau wis winengku, sejatine aku wis lumebu ing dating Pangeran sing
murbeng jagad raya iki. Ya dating Pangeran mau sing akarya nganti aku kesangga
sanadyan ora ana sing nyangga. Ya dat mau sing murugake aku duweni sakabehe
sanadyan aku ora duwe apa-apa. Lan ya dat mau sing anyipta aku ana sanadyan
aku ora ana.
Aku, manungsa sing kebak ing kasekengan (kelemahan) lan kajiret ing bandha-
bandhuning kadonyan, tangeh bisa ngrasuk ing dating Pangeran mau kanthi
sampurna. Bisane mung icip-icip. Mula mangkene ature Suluk Sujinah: ”Dene
mangan sapulukan tegeseipun, mung Allah kacipta, kalawan nyandang sasuwir,
pujinira kawayang sajroning driya.” Peribasane, sanadyan mung sapulukan
anggonku mangan, aku wis krasa tuwuk, anggere Pangeran tansah cinipta ing
batinku. Lan sanadyan mung sasuwir anggonku nyandang, aku wis jangkep
bebusanan, anggere Pangeran tansah pinuji ing batinku. Icip-icip sapulukan,
nyandhang penganggo sasuwir, iku mau wis turah-turah tumraping uripku,
anggere dating Pangeran sing dakicipi, lan busanane dat mau sing daksandang.


0 komentar:

Posting Komentar