Jumat, 13 Juli 2012

Suluk Malang Sumirang ⁿpetilanⁿ

Berikut ini petikan Suluk Malang Sumirang;

PUPUH DHANDHANGGULA
01 Malang sumirang
amurang niti, anrang baya dènira mong gita,
raryw anom akèh duduné, anggelar ujar luput,
anrang baya tan wruh ing wisthi, angucap tan
wruh ing trap, kaduk andalurung, pangucapé
lalaluya, ambalasar dhahat amalangsengiti, tan
kena winikalpa.
02 Andaluya kadadawan angling,
tan apatut lan ujar ing sastra, lan murang dadalan
gedhé, ambawur tatar-tutur, anut marga kang
dèn-singkiri, anasar ambalasar, amegat
kekuncung, tan ana ujar kerasa, liwang-liwung
pangucapé burak barik, nulya kaya wong édan.
03
Idhep-idhepé kadya raryalit, tan angrasa dosa yèn
dinosan, tan angricik tan angroncé, datan ahitang-
hitung, batal karam tan dèn- singgahi, wus
manjing abirawa, liwung tanpa tutur, anganggé
sawenang-wenang, sampun kèrem makamé wong
kupur kapir, tan ana dèn-sèntaha.
04 Angrusak
sarak ujar sarèhing, acawengah lan ajar ing sastra,
asuwala lan wong akèh, winangsitan andarung,
kedah anut lampah tan yukti, mulané ambalasar,
wus amanggé antuk, jatining apurohita,
marminipun tan ana dèn-walangati, sakèhing
pringgabaya.
05 Pangucapé wus tanpa kekering,
oranana bayané kang wikan, dhateng kawula
jatiné, tan ana bayanipun, anging tan wruh
jatinirêki, pan jatining sarira, tan roro tetelu, kady
angganing reringgitan, duk sang Panjy asusupan
rahina wengi, kesah saking nagara.
06 Anêng
Gegelang lumampah carmin, anukma aran
dhalang Jaruman, dèn-pendhem kulabangsané,
ndatan ana kang weruh, lamun Panji ingkang
angringgit, baloboken ing rupa, pan jatine tan
wruh, akèh ngarani dhadhalang, dhahat tan wruh
yen sira putra ing Ke1 ing, kang amindha
dhadhalang.
07 Adoh kadohan tingalirêki, aparek
reké tan kaparekan, yèn sang Panji rupané, dèn-
senggèh baya dudu, lamun sira Panji angringgit,
balokloken ing tingal, pan jatining kawruh, lir
Wisnu kelayan Kresna, ora Wisnu anging Kresna
Dwarawati, amumpuni nagara.
08 Wisésa Kresna
jati tan sipi, kang pinujyêng jagad pramudita, tan
ana wruh ing polahé, lir Kresna jati Wisnu, kang
amanggih datan pinanggih, pan iya déning nyata,
kajatenirêku, mulané lumbrah ing jagad,
angestoken kawignyan sang Wisnumurti, nyatané
arya Kresna.
09 Mangkana kang wus awas ing jati,
oranana jatining pangéran, anging kawula jatiné,
kang tan wruh kéngar korup, pan kabandhang
idhepirêki, katimpur déning sastra, milu kapiluyu,
ing wartaning wong akathah, pangèstiné dèn-
senggèh wonten kakalih, kang murba kang wisésa.

10 Yèn ingsun masih ngucap kang lair, angur
matiya duk lagi jabang, ora ngangka ora ngamé,
akèh wong angrempelu, tata lapal kang dèn-
rasani, sembayang lan puwasa, dèn-gunggung tan
surud, den- senggèh anelamna, tambuh gawé
awuwuh kadya raragi, akèh dadi brahala.
11
Pangrungunisun duk raré alit, nora selam déning
wong sembayang, nora selam déning anggèn, tan
selam déning saum, nora selam déning kulambi,
tan selam déning dhestar, ing pangrungunisun,
éwuh tegesé wong selam, nora selam déning
anampik amilih, ing karam lawan kalal.
12 Kang
wus prapta ing selamé singgih, kang wisésa tuwin
adi mulya, sampun teka ing omahé, wulu
salembar iku, brestha geseng tan ana kari,
angganing anêng donya, kadya adedunung, lir
sang Panji angumbara, sajatiné yèn mantuk ing
gunung urip, mulya putrêng Jenggala.
13 Akèh
wong korup déning sejati, sotaning wong dèrèng
purohita, dèn-pisah-pisah jatiné, dèn-senggèh
seos wujud, sajatiné kang dèn- rasani, umbang ing
kapiran, tambuh kang den-temu, iku ora iki ilang,
mider-mider jatiné kang dèn-ulati, tan wruh kang
ingulatan.
14 Brahalane den-gendong den-indit
malah kabotan dening daadapen mangke dereng
wruh jatine dening wong tanga guru amungakĕn
wartaning tulis kang ketang jatining lyan den-tutur
anggalur den- turut kadya dadalan kajatene
deweke nora kalingling lali pejah min-Wang.
15
Dosa gung alit kang den-singgahi ujar kupur-kapir
tan den-ucap iku wong anom kawruhe
sembayang tan surud puwasane den ati-ati tan
ayun kaselanan kalimput ing hukum kang sampun
tekeng kasidan sembah puji puwasa tan den-
wigati nora rasa-rinasan.
16 Sakeh ing doss tan
den-singgahi ujar kupur-kapir tan den-tulak wus
liwang-liwung polahe tan andulu dinulu tan
angrasa tan den-rasani tan amaran pinaran wus
jatining suwung ing suwunge iku ana ing anane iku
surasa sejati tan kĕna den-ucapna.
17 Dudu rasa
kang kĕraseng lati dudu rasa rasaning pacuwan
dudu rasa kang ginawe dudu rasa rasaning guyu
dudu rasa rasaning lati dudu rasa rĕrasan rasaku
amengku salir ing rasa surasa. mulya putreng
Jènggala rasa jati kang kerasa jiwa jisim rasa mulya
wisesa.
18 Kang wus tumeka ing rasa jati
panĕmbahe da tanpa lawanan lir banyu mili
pujine ing ĕnĕnge anebut ing unine iya amuji
solahe raganira dadi pujinipun tĕkeng wulune
salĕmbar ing osike tan sipi dadi pamuji pamuji
dawakira.
19 Ingkang tan awas puniku pasti dadi
kawulane kang wus awas tĕka ing sĕmbah pujine
amung jatining wĕruh pamujine rahina wĕngi
mantĕp paran kang awas ujar iku luput ananging
aran tokidan lawan ujar kupur-kapir iku kaki aja
masih rĕrasan.
20 Yen tan wruha ujar k„p„r-”pir
pasti woog iku durung ~”„, maksih bakai
pangawruhe pan kupur-kapir iku iya iku sampurna
jati pan wèkas ing kasidan kupur-kapir iku iya
sadat iya salat iya idĕp iya urip iya jati iku jatining
salat.
21 Sun-marenana angedarneling sun-sapiye
ta bok kadĕdawan mĕnawa mèdal cucude ajana
milu-milu mapan iku ujar tan yakti pan mangkana
ing lampah anrang baya iku rare anom ambĕlasar
tanpa gawe gawene sok murmg niti anggung
malang sumirang.

PUPUH KINANTHI

01 Dosa gung alit tan dèn singgahi, ujar kupur kapir kang dèn ambah, wus liwung pasikepane, tan andulu
dinulu, tan angrasa tan angrasani, wus tan ana
pinaran, pan jatining suwung, ing suwunge iku
ana, ing anane iku surasa sajati, wus tan ana
rinasa.
02 Pan dudu rasa karasèng lathi, dudu
rasane apa pa lawan, dudu rasa kang ginawe,
dudu rasaning guyu, dudu rasa kang angrasani,
rasa dudu rarasan, kang rasa amengku, sakèhing
rasa karasa, rasa jati tan karasa jiwa jisim, rasa
mulya wisesa.
03 Kang wus tumeka ing rasa jati,
sembahyanging tan mawas nalika, luwir banyu
mili jatine, tan ana jatinipun, mona muni turu
atangi, saosiking sarira, pujine lumintu, rahina
wengi tan pegat, puji iku rahina wengi sirèki, akèh
dadi brahala.
04 Pengunguningsun duk lare cilik,
nora Selam dening asembahyang, tan Selam
dening pangangge, tan Selam dening saum, nora
Selam dening nastiti, tan Selam dening tapa, nora
dening laku, tan Selam dening aksara, nora Selam
yèn anut aksara iki, tininggal ora esah.
05 Selame
ika kadi punendi, kang ingaranan Selam punika,
dening punapa Selame, pan ing kapir iku, nora
dening mangan bawi, yadyan asembahyanga, yèn
durung aweruh, ing sejatining wong Selam,
midera anglikasan amontang manting, jatine kapir
kawak
,,,,.

0 komentar:

Posting Komentar