Selasa, 12 Maret 2013

Panunggal jati

Wewarah nyata kahananing Pangeran, kang binasaake luwih samar, tanpa
rupa tanpa suwara, dudu lanang dudu wadon lan dudu wandu, tanpa prenah,
tanpa panggonan, dinulu ora katon, didumuk ora karuan.
Iku teteping kahanan ana ing ndalem cipta sasmitaning kang waskita,mula
para guru anggone aweh pituduh, kaaumpamakake mengkene :
Sejatine ora ana apa-apa, sakehing wewujudan, rerupan, warna lansesebutan,
iku dudu sejati lan dudu panuksmane Pangeran, Dene kang kadunungan
panguwasanlan kamulyan ing sabarang kabeh, iku amung ingsun.
Yen durung bisa mengerteni wewejangan mau prayoga den tlateni marsudi
maksude surasa, ngimpun sakehing wejangan kabeh, miturut kawruh kang
sanyata kaya ingisor iki :
Sadurunge gumelar sakabehing kahanan ing marcapada lan maksapada
(donya lan akerat), iku kang disik mung urip kita, jumeneng ana sajroning wiji
kang pinggit, sak temene ya urip kita, kang tetep sinuksma ing pageran kita,
mula den bisa pada rumeksa ing urip kita pribadi, saran ngati-ati, kang gemi
nastiti kang dadi witing pangauripanaja nganti ora bisa jumenegng uripe. Beda
kara manungsa kang wis katerima sampurna kawruhe tetep ing pangandel,
ora bakal ketempela ing pangrecana, tegese, ora susah ing kaluwen,
kamlaratanlan nuju kataman ing lelara, ora wedi tekane pati. Dene kasubut
wong lumprah wae, kudu nglakoni pangupaya kang ndadekake santosane
uripe.
Dene urip kitaa tetelane menawa nyata rinasuk dening pangeran kita, nyata
saka solah bawa kita,iku sejatine terusane saka karsane pangeran kita,
mungguh panuksmane pangeran anggone rumasuk ing badan kita.
Uga ana prabedane mungguh wateke kawula lan Gusti.
Dena watake Gusti yaiku : tangi, tuwuk, ayem, parem, sareh iling, tetep,
waspada, santosa, bunggah, waras lan raharja.
Dene watake kawula : arip, luwe, ngelak, sahwat,sering lali, bingng, pangling,
uwas, susah, lara lan bilahi, kabeh mau saka pakertine pepesten kita pribadi.
Mungguh pratikele menawa arep mangesti utawa manekung, mengkene :
Wiwitane kudu ngurangi mangan, turu lan sahwat, apa dene ngurangi
sekabehing kekarepan, ing tengah wengi banjur sesuci raga, adus busana lan
geganda, ngedepake keblate dewe, yaiku ing jaja, yen wis tekan wayah bagun
esuk banjur pati raga, nutupi pancadriya, nyegah turas, sarip lan sesuker,
banjur nata mlebu metune napas, yaiku nareke napas saka puser (napas
mlebu) diterusakake munggah ngliwati cekak tekan ing embun-embunan.
Narike napas karo nyebut “HU” dibatin wae, sak wise napas saka embun-
embunan di enengake sedela, yen wis krasa abot, banjur di wetokake sarana
alon-alon tekan ing puser kabarengan nyebut “ALLAH” (ing batin).
Supaya ditindakake saben dina lan wengi, disebut shalat daim / sholat batin,
tanpa rekaat tanpa wayah, paribasan shalat ngiras nyambut gawe, lungguh
karo mlaku , mlaku karo ndoprok, mlayu karo leren, mbisu karo ngomong,
lungo karo turu, turu karo melek, jalaran sholat dhaim iku hakekating sholat,
mula tampa rukuk, tampo sujud, amung dumunung ana rahsa telenge urip.
Dene adege ya urip kita pribadi, rukuku pandeleng kita, sujude pangganda kita,
iktikate pamiarsa kita, wacane ayat pangrasa kita, lungguhe tetepe iman kita,
pujine mlebu metune napas kita, dhikire awas eling kita, keblate marang
eneng ening kita, ajo was sumelang maneh.
Mula mengkono sebab jumeneng Dzat, Sifat, Asma, Afngal kita, iku wis dadi
qur’an sejati mertandani sejatine shalat kabeh diarani shalat daim.
Dena iptitahe sholat dhaim mengkene :
Niatingsun shalat daim, kanggo salawase urip ingsun, adege ya urip ingsun,
rukuke paningal ingsun, iktidale pamiarsaningsun, sujude pangambuningsun,
wewacane ayat pangucapingsun, lungguhe tetepe imaningsun, tahyate
mantepe tauhidingsun, salame makrifat islamingsun, pepujine mlebu metune
napas ingsun, pujine awas elingingsun, keblate adheg eneng-eningingsun,
perlu nglakoni wajib saka kodrat-iradatingsun dewe, Mangkana mau pasrah
anelangsa sanubari marang dzating urip kita pribadi, wis aja sumelang.
Dene shalat daim iku, menawa disemak karo hakekating rukun islam utawa
karo katimbang pikukuhe iman, surasane nunggal misan bae lire mengkene :
Rukun islam ana 5 prakara yaitu :
1. Syahadat, mungguh hakekate ana laku temen dunungge ing wicara, angger
nuhoni wicarane ya iku tetepe syahadat
2. Pasa, hakekate ana laku nrima, dumunung ing pangganda, angger marem
katandukan ambu, kang menginake (ora ngambu-ambu sakebehe kaelekan)
ya iku tetep pasane.
3. Zakat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana pandulu,
angerbisa mbutakake mripat, ya iku nentepi zakat.
4. Shalat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana ing
pangrungu, angger bisa anulekake tanlingan, ya iku anglungguhi shalat.
5. Haji, hakekate ana panalangsa lan nentepi janji, dumunung ana pangrasa
lan solah bawa, angger bisa nyirnakake pangrasa lan mati sarira, ya iku
ngakoni haji.
Kabeh mau paribasane : lesan mbisu, irung pepet, mripat wuta, kuping tuli,
badan mati, yaiku kang nama tetep kuasa nindakake rukun islam sejati, sebab
nyata kuasa mati sa jrone urip, urip sajrone pati, ya urip salawase.
Pikukuhe Iman ana 6 prakara yaiku :
1. Percaya ing Allah, hahekate ngestokna uripe jasad kita, sarta
rumangsamenawa dadi sipating Allah sejati, lire angger jasad kita tansah
sinucenan, sarta sabarang tindak tansah ngenggoni ing kautaman, mengkono
mau nama ngandeling Allah.
2. Percaya ing Malaekat, hakekate ngestokake wahyane pandeleng, pamicara,
pangganda, pangrasa, pangecap, lire angger kita tansah ngati-atianggon kita
matrapake tanduking netya lan wirasa lsp, yaiku hakekate tetep temen-temen
ngandel ing malaekate Allah, sebab hakekate malaekat iku dumunung anan
sajroning pancadriya yaiku :
Malaekat Jibril AS, dumunung ana ing pangrasa.
Malaekat Mikail AS, dumunung ana ing pangganda.
Malaekat Isrofil AS, dumunung ana ing Pandulu.
Malaekat Ngijrail AS, dumunung ana ing Wicara.
3. Percaya ing utusan, hakekate ngetokna wahanane rahsa, lire angger kuwasa
ngendaleni pangrasa lan ngeningake pandeleng lereme cipta mengkono iku
tetep temen-temen ngandel utusane Allah.
4. Percaya ing kitab, hakekate ngestokake kahanane nyawa, lire awas lakuning
urip uga eling lan ngerti ing dosa kita, mengkono mau angger tansah eling ing
batin, yaiku tetep temen-temenpercaya kitabe Allah.
5. Percaya untung ala becik saka Allah, tegese tekane begja cilaka saka Allah,
hakekate ngestokakemenawa nafsu iku saka wedharing budi lan pribadi, lire
angger enggal pasrah nalangsa marang Dzat kita, ya iku tetep temen-temen
ngandel ing takdire Allah.
6. Percaya ing dina Akhir, tegese dina wekasan, hakekate ngestokake ing
pepestene pati saka wisesaning Dzat kita pribadi, lire angger karep
nindaknaing tekat kita kang santosa, iku tetep temen-temen ngandel ing dina
akhir saka wisesaning Allah.

1 komentar: